Faudzil @ Ajak

Faudzil @ Ajak
Always think how to do things differently. - Faudzil Harun@Ajak

11 October 2014

KUMPULAN MANUSIA - Suku Dayak Punan






Rumpun Punan utawi Wong Punan inggih punika salah satunggaling rumpun suku Dayak ingkang dumunung ing Kalimantan BaratKalimantan Tengah, dan Kalimantan Timur.[1] Ing 6 kabupaten ing Kalimantan Timur wonten 8.956 jiwa suku Punan ingkang kasebar wonten ing 77 lokasi pemukiman.[2] Suku-suku Dayak ingkang kalebet ing rumpun Punan antawisipun :
  1. Suku Dayak Hovongan ing Kapuas Hulu, Kalimantan Barat
  2. Suku Dayak Uheng Kereho/Oloh Ot Nyawong/Suku Dayak Seputan ing Kapuas Hulu, Kalimantan Barat
  3. Suku Dayak Punan Murung ing Murung Raya, Kalimantan Tengah
  4. Suku Dayak Aoheng (Suku Penihing) ing Kalimantan Timur
  5. Suku Dayak Punan Merah/Suku Dayak Punan Serata/Suku Dayak Punan Langasa/Suku Dayak Punan Nya'an
  6. Suku Dayak Punan Aput-Busang
  7. Suku Dayak Merap
  8. Suku Dayak Punan Tubu[3]
  9. Suku Dayak Ukit/Suku Bukitan/Suku Beketan
  10. Suku Dayak Bukat
  11. Suku Dayak Punan Habongkot
  12. Suku Dayak Panyawung
  13. Suku Dayak Punan Lisum
  14. Suku Dayak Punan Kelay-Segah ing Kali Kelay, Kabupaten Berau, Kalimantan Timur

Punan Murung

Suku Dayak Punan ing Kalimantan Tengah dumunung ing hulu Kali Barito inggih punika ing Kabupaten Murung Raya ingkang dipunkenal minangka Suku Dayak Punan Murung. Kathah-kathahipun suku-suku Dayak ing Kalimantan Tengah kalebet ing rumpun Ot Danum kejawi suku Dayak Punan Murung.

Punan Hovongan

Dayak Punan minangka salah satunggaling subsuku Dayak ingkang papan dunungipun ing perhuluan Kali Kapuas. Etnis ingkang kala rumiyinipun minangka bangsa nomaden, sakmenika langkung netep lan mraktékaken sistem tetanén gilir balik (ladhang). Sub-etnis dayak Punan ingkang mapan ing perhuluan Kali Hovongan (Bungan), anak kali Kapuas ingkang kasungsun saking maneka kampung:
  1. Nanga Lapung
  2. Nanga Bungan
  3. Tanjung Lokang
  4. Belatung (sapérangan)
  5. Hovo'ung (sapérangan)
  • Penduduk
Prakiran cacahing nyaketi angka 2000 jiwa.
  • Kepala Adat
Kelompok punika gadhah sawijining Temenggung inggih punika "Akek Dalung Tapa" (*nembe seda akhir wulan juni 2009) lan sakmenika dipungantosi dening putra ragilipun inggih punika Temenggung Abang Dalung (2009)
    • Temenggung lan Kepala adat gadhah peranan ingkang benten, Kepala adat langkung ngarah ing adat istiadat dene Temenggung kagungan fungsi wigati ing kedaulatan wilayah ketemenggungan.
  • Basa Hovongan
Kode Basa Hovongan inggih punika HOV

Punan Uheng Kereho

Inggih punika sub suku Punan ingkang papan dunungipun ing perhuluan Kali Kapuas lan Kali keriau/Kereho sub punika kasungsun saking maneka kampung:
  1. Nanga Enap
  2. Nanga Erak
  3. Nanga Balang
  4. Sepan
  5. Salin
  6. Bu'ung (sapérangan)
  7. Belatung (sapérangan)
  • Kepala Adat
Kelompok gadhah sawijining temenggung inggih punika Agustinus Djangin.
  • Populasi
Populasi etnis punika dipunprakirakaken antawis 2500 Jiwa.
  • Basa Uheng Kereho
Kode Basa Uheng Kereho inggih punika xke

Daerah ketemenggungan Dayak Punan punika saged dipuntuju kanthi migunkaken transportasi kali saking Putussibau kanthi bea sewa speed boat maneka jinis saking satunggal yuta dumugi tigang yuta gangsalatus ewu rupiyah. Sumber daya alamipun taksih kathah; kadosta sarang manuk walet lan kasuihan tambang sanesipun. Ananging amargi tebih wilayahipun, kathah masyarakat suku punika taksih terisolasi saking dunya njawi saengga tingkat perekonomian sarta pendidikan dumugi sakmenika wonten ing tingkat ingkang nggegirirsi.
Ing saben kampung-kampung tiyang Punan, anak ingkang sekolah dumugi tamat pendidikan dhasar saged dipunetang kanthi driji, punapa malih ingkang namataken bangku kuliah.

Punan Kelay

Dayak Punan Hulu Kelay ingkang papan dunungipun ing hulu Kali Kelay, Kabupaten Berau, Kaltim kasungsun saking :
  1. Kampung Long Sului, Kelay, Berau
  2. Kampung Long Macin, Kelay, Berau
  3. Kampung Long Lamjan, Kelay, Berau
  4. Kampung Long Keluh, Kelay, Berau
  5. Kampung Long Duhung, Kelay, Berau
  6. Kampung Long Beliu, Kelay, Berau

Organisasi suku Dayak Punan

  • Yayasan Adat Punan (YAP), JL. Anggrek Merpati I/96 Kompleks Batu Alam Permai, Samarinda Kode Pos 75124.

Suku Dayak Punan
Populasi total
kurang lebih 20.000.
Pedunung wigati ing
Kalimantan Timur: 8.956.
Kalimantan Barat
Basa
basa Dayak, Melayu, Indonesia
Agama
Kaharingan, Kristen
Suku bangsa cedhak dhéwé
Dayak (Ngaju)

Sumber: http://jv.wikipedia.org/wiki/Suku_Dayak_Punan


No comments: